A. Tembang Macapat
Macapat adalah tembang atau puisi tradisional Jawa. Setiap bait macapat
mempunyai baris kalimat yang disebut gatra, dan setiap gatra mempunyai
sejumlah suku kata (guru wilangan) tertentu, dan berakhir pada bunyi
sajak akhir yang disebut guru lagu.
Ing ngisor iki perangane tembang macapat lan pathokane:
- Dhandhanggula
- Guru Lagu: i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
- Guru Wilangan: 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
- Guru Gatra: Guru Gatra
- Sinom
- Guru Lagu: a, i, a, i, i, u, a, i, a
- Guru Wilangan: 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
- Guru Gatra: 9
- Kinanthi
- Guru Lagu: u, i, a, i, a, i
- Guru Wilangan: 8, 8, 8, 8, 8, 8
- Guru Gatra: 6
- Pangkur
- Guru Lagu: a, i, u, a, u, a, i
- Guru Wilangan: 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
- Guru Gatra: 7
- Asmaradana
- Guru Lagu: i, a, e, a, a, u, a
- Guru Wilangan: 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
- Guru Gatra: 7
- Mijil
- Guru Lagu: i, o, e, i, i, u
- Guru Wilangan: 10, 6, 10, 10, 6, 6
- Guru Gatra: 6
- Durma
- Guru Lagu: a, i, a, a, i, a, i
- Guru Wilangan: 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7
- Guru Gatra: 7
- Pocung
- Guru Lagu: u, a, i, a
- Guru Wilangan: 12, 6, 8, 12
- Guru Gatra: 4
- Maskumambang
- Guru Lagu; i, a, i, a
- Guru Wilangan; 12, 6, 8, 8
- Guru Gatra; 4
- Megatruh
- Guru Lagu: u, i, u, i, o
- Guru Wilangan: 12, 8, 8, 8, 8
- Guru Gatra: 5
- Gambuh
- Guru Lagu: u, u, i, u, o
- Guru Wilangan: 7, 10, 12, 8, 8
- Guru Gatra: 5
Sekar macapat dhuweni watak dhewe-dhewe,
kaya ing ngisor iki:
1. Dhandhanggula : ngresepake, kewes, luwes.
Mathuk kanggo nggambarake rasa apa bae, pitutur, mbabar rasa susah lan uga kanggo pambuka gendhing.
2. Sinom : canthas, ethes, grapyak. Prayoga kanggo
aweh pitutur, sok uga kanggo gandrung.
3. Pangkur : sereng, nepsu, kejem, nantang. Mathuk kanggo pepenget, uga kanggo suka pitutur/piwulang kang dhuwur.
4. Asmaradana : sengsem, sedhih, prihatin ing asmara. Gunane
mratelakake rasa susah karana asmara.
5. Durma : nesu, galak,
muring, muntab. Mathuk kanggo
medharake rasaning ati kang nesu/gregeden, utawa kanggo carita perang.
6. Kinanthi : seneng, tresna lan asih. Mathuk
kanggo ngemu rasa katresnan, uga mituturi
kanthi rasa tresna.
7. Mijil : wetuning rasa, mituturi. Kanggo carita kang ngemu rasa kasedhihan/pangudhar rasa prihatin, pitutur kang melas
asih, utawa kanggo gandrung.
8. Megatruh : trenyuh,
memelas, gela kang mbangeti, getun, prihatin. Mathuk kanggo carita kang ngemu rasa susah.
9. Gambuh : wani
wanuh, kulina lan rumaket. Mathuk kanggo aweh pitutur utawa sesorah kanggo ngelingake tumindake manungsa/ mulang muruk.
10. Maskumambang : prihatin, nalangsa utawa keranta-ranta, ngeres-eresi. Mathuk
kanggo nggambarake rasa susah karanta-ranta.
11. Pocung : sakpenake, kendho tanpa greget, sembrana. Gunane kanggo
guyonan, cangkriman, pitutur, uga mathuk
kanggo crita kang sakpenake.
NOVEL
- Maca batin
Supaya ngaweruhi isine novel
mula uga kudu maca batin supaya mangerteni isine novel kang diwaca. kayata maca novel wewadi alas pejaten
lsp.
Peling :
Novel yaiku karya prosa kang ditulis.novel
sifate naratif utawa wujude arupa cerita.novel nduweni unsur unsur kang mbangun
novel yaiku unsur instrinsik lan unsur ekstrinsik.
Unsur ekstrinsik yaiku unsur
kang mbangun novel saka sajabane novel.kang mangaribani dianggitake sawijining novel saka uunsur
ekstrinsike iku antarane yaiku agama,ekonomi,sosial,pendhidhikan ,lan budaya.
Unsur intrinsik yaiku
tema,paraga,watak,latar/setting,sudut pandang,basa,alur/plot ,lan amanat.
a.
Tema yaiku gagasan baku kang dadi underane prakara
cerita.
b.
Paraga yaiku pelaku kang mbangun cerita
utawakkang di ceritaake.paraga ana 3 yaiku protagonis,antagonis ,tritagonis.
c.
watak yaiku tanda-tanda fisik (dhuwur,lemu
,pesek,chendek,lsp)
d.
latar/setting yaiku papan,wektu,lan swasana
kedadeyane cerita.
e.
Sudut pandang yaiku posisine pangripta ing crita
kang nyritaake isine crita.
f.
Basa yaiku gegayutan karo gaya basa kang
digunaake pangripta ing crita.
g.
Alur/plot yaiku urut-urutane kadadeyan ing
cerita
h.
Amanat, yaiku piweling utawa piwulang luhur kang
ana ing sajrone crita,
2.
Nggawe Pitakonan Adhedhasar Isine
cuplikan Novel
Sawijine
kowaca batin cuplikan novel bahasa jawa kanthi irah-irahan, mestine para siswa
wis ngerti kepriye ceritane.
3.
Nemtoake Unsur-unsur Pembangun Novel
Ing piwulangan sadurunge para siswa wis maca cuplikan
novel, lan wis dijelaske ngenani unsur intrinstik kang ana ing novel.
4.
Nemtoake pitutur luhur ing cuplikan novel
Novel iku mujudake asil rasa pangrasane, pemikkiran, ide, lan gagasan
penullis kang awujud tulisan.
5.
Nggayutake pitutur luhur ing cuplikan
novel karo kahanan bebrayan
para
siswa nemtokake pitutur luhur kang ana ing cuplikan novel.
1.
Nyeritakake kanthi ringkes isine
cuplikan novel ing basa krama
Peling :
Ing
sajroning ringkesan ,kaendhahaning pola basa (gaya bahasa ) ,illustrasi , lan jlentrehan-jlentrehan diilangi.
Carane nggawe ringkesan ,yaiku :
a.
Maca naskah asli kanthi dibolan-baleni kanggo
mangerteni isine cerita.
b.
Nulis gagasan umum kanthi nggrasani ngisor
gagasan sing wigati.
c.
Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan
utama.
d.
Gunakna ukara sing paadhet efektif,lan narik
kanggo ngrangke alur crita dadi karangan cekak kang nggambarake karangan asli.
e.
Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isine
wae.
f.
Ringkesan ora oleh nyimpang saka alur crita lan
isine karya sing asli.
2.
Menehi penemu ngenani isine cuplikan
novel
nggolek isini novel utowo maksudte ben mudeng artine novel kui
Tidak ada komentar:
Posting Komentar